Sabtu, 10 Januari 2015

Sudane Pangripta Kasusatran Jawa

Basa jawa kuwi salah siji basa kang di nduweni dening masyarakat jawa. Ing jawa basa jawa bisa digunaake kanggo guneman marang wong liya, bisa kanggo gawe karya sastra, lan babagan kabudayan. Basa jawa kuwi ngandut pirang-pirang surasa kang maneka warna miturut panganggone. Basa jawa kuwi pancen dianggep basa kang nduwene sastra paling dhuwur miturut pengamat budaya. Akeh karya sastra kang digawe nganggo basa jawa, tuladhane geguritan, cerkak, novel lan liya-liyane. Karya sastra kuwi mau minangka wujud saka pengimajinasian sing ngripta. Pangripta bisa nulis apa wae manut saka pamawase utawa saka pengalamane. Ing babagan kasusastran Jawa ana pirang-pirang tokoh sing wea kawentar, tuladhane Suparta Brata sing sering disebut Peni, Rangga Warsita lan liya-liyane. Akeh novel sing wes ditulis dening Suparta Brata kang ngemu surasa serial detektif Handaka. Novel kang ditulis dening Suparta brata bisa gawe sing maca katut ing suasana, iki salah siji pengimajinasian sing duwur saka sing ngripta. Nanging peni saiki wes jarang anggone gawe Novel maneh, merga umur sing wes ora sithik banjur dheweke leren saka kasusastran. Jan-jane dheweke isih kepengin gawe novel sing luwih akeh, sing luwih anyar kanggo nyukupi para pandhemen kasusastran. Saiki penerus sing kaya Suparto Brata wes angel banget ditemoni, pancen isih padha kalah anggone nduweni pengalaman. Para pemuda wes padha jarang gelem nulis utawa ngripta ing babagan ing kasusatran. Erwan Jangkung salah siji Lulusan Basa Jawa ngomong yen dheweke jan-jane kepngin ngripta salah siji hasil kasusastran. Ananging dheweke durung nduwe pengalaman kang cukup kanggo ngripta, apa maneh mengko yen wes dadi apa bisa karyane bisa Kuncara kaya pangripta sedurunge. Erwan uga ngomong, gawe novel kuwi kudu bisa ngolah basa kang trep, kudu bisa sastra kang mumpuni. Mergo yen ora, mengko yen diwaca dening para pandhemen Novel malah katon wagu tatanan basane. Erwan ora mung dhewekan, jan-jane akeh kanca-kancane sing uga nduweni panemu kepengin gawe novel. Saben malem selasa lan malem Jum’at dheweke nganaake diskusi bareng ana ing Bandarjo, Ungaran, yaiku ing griyane bapak Sukadaryanto slah siji dosen Basa Jawa. Ing kana Erwan lan kancane gawe komunitas sing mbabarake kepiye mungguhe gawe Novel kang Becik. Erwan uga njaluk bimbingan marang Bapak Sukadaryanto yen ana salahe nalikane diskusi. Supaya anggone arep gawe novel ora keliru lan trep yen diwaca. Saiki wes pirang-pirang generasi sing padha peduli marang kasusatran kuwi mau, ananging isih durung manteb yen karyane kuwi apik apa durung. Yen miturute pribadi pancen wes dirasa apik, nanging yen dipublikasi apa ya kaya mangkono ? kuwi dadi tugas kanggo penulis disik supaya bisa gawe bibit sing nduweni potensi kanggo gawe kasusatran. Saiki Media cetak uga akeh sing Muat babagan Kasusatran, akeh peluang kanggo para mahasiswa, lan para pendhemen Sastra kanggo ngungkapke gagasane. Jan-jane media cetak nduweni ancas kanggo nyetak para sastrawan anyar, nanging kabeh karya mau ora bisa di muat kabeh, mung karyane sing apik sing bakal dimuat. Ing media cetak kuwi kadang ya ana sing muat berita saka edisi siji lan liyane kuwi padha, amarga wes jarang banget wong-wong sing gelem ngripta lan nganggit babagan kasusastran ing media cetak. Merga saka rasa isin mau, lan durung bisa gawe Karya sing apik. Gagasan-gagasan kang kaya mangkono mung di enggo dhewe, durung wasni di tontonake, lha yen kaya mangkono kapan Dunia Sastra nduweni Pengripta sing isih timur kanggo peneruse sastrawan ?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar