Minggu, 11 Januari 2015

filosofi manuk merak

Manuk mêrak lan sandhanglawe Ana manuk sandhanglawe dolan-dolan ing ara-ara, akanthi manuk mêrak mitrane. Wiwitane padha rêsêp malaku-malaku kambi rêrasan, ora antara suwe sênênge dadi sêrêng. Mungguh sababing sêrêng ora liya mung saka sumangkeyane si mêrak olèhe ngunggul-unggulake êlar lan buntute, ora nganggo irib-irib. Wuwuh-wuwuh kathik banjur ngigêl kang sarta calathu marang sandhanglawe, têmbunge: dêlêngên, iki arane bêcik, ora ana kang nimbangi êlar kang angrêngga awakku. Mara, ngêndi ana kêpêt kang madhani êlarku. Ing batin sandhanglawe misuh-misuh marang mêrak ing sanalika iku uga, kêbêt-kêbêt banjur muluk ing awang-awang, akalangan rikat angeram-eramake.Wasana nguwuh marang mêrak kang lagi mamèr-mamèrake: ayo manuk adi, muluka, akalangan karo aku. Kowe ngunggul-unggulake êlarmu, aku ora maido, nyata bêcik, ananging tuduhna paedahe panganggomu kang gumêbyar iku. Elarku ala rupane, iku aku wus sumurup, ananging kuwat, bisa anggawa awakku têkan ing mega, rikat lan ambungahake. Mulane mêrak, sabanjure marènana ngunggul-unggulake êlarmu, kang ora kêna koanggo mabur. Êliding dongèng mangkene: kabagusan kang ora kanthi labêt bêcik, iku ora pati ana ajine ing atase wong pintêr.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar