Tiyang mlarat butuh dipun wèwèhi, kalampahanipun manawi ambangun turut
dhatêng pangrèhipun tiyang sugih ingkang ambêk wêlas asih. Nanging
kadospundi anggènipun ambangun turut, bilih kapurih anglampahi
pratingkah saru, utawi nglampahi prakawis ingkang ambêbayani, punapa
inggih kêdah ambangun turut.
Inggih botên, pangrèh ingkang murih
saru utawi damêl kamlaratanipun tiyang mlarat, têgêsipun: damêl
kasangsaran, punika pangrèh ingkang botên kanthi wêlas asih, sanadyan
puruna wèwèh nanging ngangkah pakolèh, prasasat botên wèwèh ingkang
amrih wilujêng, punika malah dados wisanipun tiyang mlarat, dados
pangrèh ingkang tanpa pangowêl, punika botên pantês dipun turut, tiyang
mlarat wosipun butuh tiyang ingkang ambêk wêlas asih, nanging kêdah mawi
sarana sagêd anglampahi ngasih-asih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar