Sabtu, 10 Januari 2015
Narpati Karna Basusena
Dèwi Kunthi utawa dèwi Pritha nampa kawruh saka resi Druwasa kang awujud aji panggendam sukma, kang aran kunta wekasing rahsa sabda tunggal tanpa lawan. Déning resi Druwasa wis diwanti-wanti ora kena diwateg ana ing panggonan kang sepi, utawa nalikané ana pakiwan.
Sing aran manungsa kepéngin ngreti marang sadhéngah kawruh, mula nalika ana ing sendhang sengadi amateg aji panggendam sukma, ing krenteg kepéngin nekakaké bathara Surya. Jleg bathara Surya wus ana ngarepané dèwi Kunthi kang lagi nglegena, ana banyune sendhang.
Bethara Surya;” ana apa Kunthi, déné ngundang ingsun.?”
Kunthi bingung anggoné atur wangsulan;” kula boten sengadi pukulun..”
Bathara Surya unandika manèh;” sebab aku wus jumujug ana kéné, mula jenengsira bakal sun paringi nugraha awujud jabang bayi, arané Karna Basusena. Jabang bayi mau sun kanthèni pusaka sing bisa ngayomi marang anakmu yaiku wujude anting-anting papat lan Kotang Kavacha."
Jalaran rumasa isin, isih prawan kok duwé bayi, mulané bayi Karna mau dikéndhangaké ana bengawan Silugangga, kongsi tumeka ing wewengkon kadipatèn Awangga. Ing kono sing mengkoni Adipati Adirata, bayi ditemu banjur diopèni, nganti diwasa.
Nalika ngancik diwasa Karna ketemu pangéran Duryodana, lan diaku sedulur sinarawèdi. Ngarepaké dumadiné prang bharatayuda, kotang lan anting-anting piyandelé Karna, dijaluk déning bathara Indra. Banjur diijoli jemparing Bramastha, sing bisa mungkasi Arjuna ana ing prang mbésuk.
Ing versi asli, Karna dudu mantuné prabu Salya, panah Bramastha mung bisa digunakaké sapisan. Yèn jȇmparing mau wis ngirup getih manungsa tartamtu, pusaka mau musna.
Ana ing prang Bharatayudha, Karna kena jemparing pasupati [pasupatastra] pusaka piyandelé Arjuna.
Nalika samana Sri Kresna nyedhaki Karna kathi salin rupa wujud brahmana, lan njaluk sedhekah marang Karna kang lagi sekarat. Karna wis ora duwé apa-apa kajaba mung untu emas. Kanthi panandhang ngrasakaké dhadhané kena jemparing, isih kober nèthèl untu emasé. Sawusé diresiki jalaran ana getihé, banjur diwènèhaké marang brahmana mau.
Kanthi mangkono Karna wis awèh sidhekah pribadi marang Wishnu, sang brahamana singlon mau banjur awèh kalodhangan marang Karna bakal nuruti apa panjaluké.
Wusana Karna banjur njaluk, mengko yèn wus tumeka ing pati, layon njaluk dipetak ana ing papan kang paling suci . Sri Krihna nyembadani, kasunyatan sawusé Karna tumekèng pralaya, layoné Karna ditumpangaké ana ing èpèk-èpèké Sri Krishna. Karna ilang musna.
Kunthi banjur walèh marang putra Pandhawa, yèn satemené Karna iku putra pambayuné, sanajan iku klébu wewadiné Karna ora prelu dibèbèraké marang adi-adhiné Pandhawa.
Ana ing serat Tripama anggitané KGPAA Mangkunegoro IV [1860-1870] kaya kang kasebut ing pupuh dhandhanggula pada 6-7, yaiku ;
6. Wonten malih kinarya palupi| Surya putra Narpati Ngawangga| lan Pandawa tur kadangé| lèn yayah tunggil ibu| suwita mring Sang Kurupati| anèng nagari Ngastina| kinarya gul-agul| manggala golonganing prang| bratayuda ingadegken sénapati|ngalaga ing kurawa||
7. Dèn mungsuhken kadangé pribadi|aprang tanding lan Sang Dananjaya| Sri Karna suka manahé| dé gonira pikantuk| marga dènya arsa males sih| ira Sang Duryudana| marmanta kalangkung| dènya ngetog kasudiran| aprang ramé karna mati jinemparing| sumbaga wiro tama||
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar