Sabtu, 10 Januari 2015
Asu Sing Nunggoni Bandhane
Nuju sawijining dina ana pandhita sekti, kang kapinujon ngliwati omahé Juragan Kenclung sing kondhang sugihé wong sak kemantrèn Parimas. Wektu kuwi Juragan Kenclung lagi menyang kutha saprelu blanja. déné sing ana ing ngomah baturé dan Asu sing bekti marang juragané. Jalaran saka bektiné si Asu mau, Juragan Kenclung mau gemati banget marang ngon-ingone, gelem nggawèkaké papan sing becik, nanging si Asu mau ora gelem, kejaba mung gelem lungguh, utawa turon ana ing kursi kuna ukir-ukiran Jepara. Prasasat Asu mau arang-arang ninggalaké kursi kuna kuwi, klebu yèn mangan sanajan sedina ping telu uga ana ing kursi kuwi. kang mengkono mau anjalari Juragan Kenclung nglilani yèn si Asu mau lungguh lan mangan ana ing kursi kuna kuwi.
Nalika pendhita sekti kang memba dadi wong sudra mau, pinuju liwat ngarep omahé Juragan Kenclung mbarengi karo wektu si Asu mau lagi mangan, bareng asu mau weruh ana wong manca sing nekani ing omah iku, banjur mlayu mudhun lan bola-bali njegug. San pandhita kang amemba rupa mau ora sida mlebu ing ngomah, nanging mung nyawang marang si Asuné Juragan Kenclung.
sang pandhita mau banjur gumremeng ana ngarepé Asu mau;” watak srakahmu marang bandha kok ya panggah, ajeg wae kawit jaman biyèn nalika kowé sugih bandha mubra-mubru, nganti saiki kok rewangi dadi Asu nunggoni bandhamu, babar pisan ora owah saka pangangen-angenmu..!”
sawusé omong rada sawetara, sang pandhita mau banjur lunga ninbggalaké omahé Juragan Kkenclung. Sawusé kedadéyan kuwi, si Asu ora sida nerusaké anggoné mangan malah ndhéprok ana ngisor ora kaya adat sabené, karo mbrebes mili nggetuni lelakoné uripé.
Nalika Juragan Kenclung mulih saka kutha, nyawang kahanané si Asu mau, saetara nyawang asuné sing nglumpruk ana jogan. Banjur nyedhaki ing kursi, panganan sing disediyakaké ora dipangan. Asu dielus-elus nanging meneng wae ora kaya adat sabene. Batur wadon diundang, ditakoni apa sebabé kok asuné ora gelem mangan, malah mung turon kaya sedhih. Batur wadon mau awèh wangsulan, yèn mau ana wong lanang arep mlebu ngomah, nanging asuné njegug bola-bali. Wong mau nyawang asune banjur ngomong ndremimil, bubar kuwi asune banjur ndheprok.
juragan Kenclung ora sranta banjur nggolèki pawongan kaya sing dikandhakaké baturé wadon. Saka déné asihé Juragan Kenclung marang ingon-ingoné mau, banjur klépat nggolèki wong sing njalari asune ora gelem mangan.
Wusana ketemu, wong mau banjur ditakoni;” kisanak, apa kowé mau sing mampir ana omahku?”
“ Iya, ana apa?” wangsulané pandhita mau.
“ apa sebabé bareng kowé teka ana ing omahku , ingon-ingonku banujr nglumpruk tanpa daya, kok kapakaké?”
“Kowé eman lan asih marang ngon-ingonmu, kuwi apik, nanging mangretiya, yèn Asumu kaé, nalika jaman biyèn wong tuwamu dhéwé, jaman cilikanmu, bapakmu iku klebu sugih-sugihé wong sa kecamatan. Nalika samana bapakmu kuwi eman lan asih banget marang kowé, kuwi ya ana èmperé. wong kowé anak sing ditresnani, tur ya mung kowé thok.’
“Kosik-kosik, kisanak, aku kok cubriya marang sampéyan. Ujarmu yèn asu kuwi biyèn wong atuwaku, apa tandha buktiné?” Juragan Kenclung cubriya, yèn wong iki mung arep gawé pitenah.
.” Bapakmu kuwi duwé kasesengan ngrengkuh marang mas picis raja brana, saka anggoné eman marang bandha, kabèh bandhané disimpen ana njero lemah, kepara mbokmu waé ora ngreti dunungé nggoné nyimpen bandhané. Lha bapakmu kuwi pancèn banget tresnané marang kowé, nganti wis tumeka ing pati waé isih gemati nunggoni kowé. Nanging ngretiya, sabeneré ora gemati marang awakmu, nanging amarga kepengin nunggoni bandhané sing disimpen ana ngisor kursi kayu Jati ukir-ukiran Jepara kae".
bareng Juragan kenclung krungu katrangané pendhita mau banjur kepengin nyatakaké ujare pandhita mau. Sawusé pandhita mau lunga, asu mau ditakoni;” yèn kowe ing jaman biyèn pancèῆ wong tuwaku, sing ngukir jiwa ragaku, nyatakna apa sing diomongké wong kae mau..!”
asu mau banjur menyat, sikilé garuk-garuk ana ing ngisor kursi kayu Ukiran Jepara. Juragan Kenclung banjur kongkonan bature supaya njupukaké linggis, jogan plestèran mau banjur didhudhuk, watara sameter jeroné, ing kono ana pethi saka wesi. Bareng pethi wesi mau dibukak isiné mas picis raja brana.
ananging Juragan Kenclung ora kok banjur rumasa seneng, kepara nangis. Asu mau uga netesaké luh karo ndheprok, dene Juragan Kenclung, ngudarasa” bapakku anggoné srakah eman marang bandha, kok ya urip ing jaman kelanggengan diréwangi mudhun, milih dadi ASU….huuu…huuu…huuuu
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar