Sabtu, 10 Januari 2015
Krikil (cerkak anggitan Avian Eka Darmawan)
Suara adzan wes kumandang ana ing saindenging papan iki, mretandani yen wong kang muslim arep pada sembahyang isak ing langgar kae. Jarwa nembe wae tekan ana ing papan kene, gowo tas ransel ing gegere, nyangking kardus ing tangan kiwane. Si jarwa ndodog lawang, uluk salam marang wong omah, pancen ing wulan pasa dine kaping 7 iki dheweke lagi isa bali. Kardus mau diselehake bebarengan karo tas ransel mau, ora lali salaman ngambung tanganwong tua kekarone. Pancen dheweke kuwi lagi mbacutake studyne ana ing Semarang, mulih wae jarang amarga akehing jejibahan. Si Jarwa menyang kiwan njupuk banyu wudhu, jupuk sarung lan sajadah ing kamar, banjur menyang langgar. Bocah iki pancen dikenal sregep, prigel ing babagan kesenian uga ing kampus.
Solat isak wes diwiwiti dibacutake solat tarawih lan wiir kay padatane ing wulan suci ramadhan. Bubah sholat akeh tangga teparone sing padha takon babagan wartane jarwa anggone nuntut pawiyatan
“lhoh… nak Jarwa wes kondur tha ? kapan nak, preinan apa piye ?” pitakone Pak RT.
“inggih pak, nembe niki wau kok, adzan isak kula nembe dugi, niki liburan semester pak kala wingi bakda ujian,” Jawabe jarwa.
“wah…piye kuliahe nak, angel po ra ? wiwit awakmu kuliah wes cah nom-nom wes padha jarang nyambangi langgar iki nak,”
“hehe,,, kuliahipun nggeh sae mawon kok pak, bok menawi kanca-kanca mriki nembe sibuk ngayahi padatanipun.”
“pancen kok nak bocah saiki padha seneng padha dolan, bubar tarawih biasane padha dolan, o ya nak jarwa mengko bubar riyaya meh dianaake Halal bi Halal ing RT kene, pak Lurah karo pak Camat mengko bakal rawuh. Nak Jarwa kan nduwe gamelan lan kuliah ing kesenian, upama aku jaluk tulung nyambat tari isa apa ora, mengko konsumsi karo bensin aku sing nanggung nak.”
“wah… kok regeng pak acarane dirawuhi pak camat, menawi kula dipun sambat kula saguh mawon pak, nggeh mangke kula siap mentasaken tari, nanging nyuwun pambiyantunipun kagem usung-usung gamelan nggeh pak.”
“oo… ya nak.. mengko aku tak dhawuh karo cah nom-noman kene ben ngrewangi usung-usung, mengko yen ana kebutuhan sing diperlokake matura wae ya.”
“nggeh pak kula badhe wangsul riyin kala wau saking Semarang namung nyelehaken tas lajeng sembahyang wonten mriki, badhe kangen-kengenan kaliyan Bapak Ibu riyin pak, mangga pak, Assalamualaikum,”
“nggeh nak Jarwa atos-atos lho,”
Si jarwa bali menyang omah banjur cerita pirang-pirang babagan kuliahe ing wong tuwane, ora lali dheweke ngomong yen mau didhawuhi pak RT kanggo ngramekake adicara Halal bi Halal RT. Banjur menyang kamare nyopot sarung lan nyelehake sajadah, banjur mapan ngleremake pikiran lan ngaso amarga awake kang lungkrah merga perjalanan saka Semarang. Suara Takbir, Tahmid wes kumandang mretandakake yen wes riyaya, pasa sewulan wes bubar diganti sasi Syawal. Jarwa wes siap-siap arep solat ID ana ing lapangan ngarep omah kaya padatan taun-taun sedurunge, bebarengan karo Bapak Ibune lan adhine sing wadon.
Bubar solat ID Jarwa lan keluargane banjur bali menyang omah, banjur dianaake sungkeman antarane Jarwa marang wong tuwane, njaluk dedonga lan ngapura marang kaluputan. Wetara tabuh 14.00 Jarwa lan Keluargane arep sowan menyang deleme simbah ing Pati, amarga kabeh sedulur padha nglumpuk ing kana. Jarwa mung arep sedina tok ing Pati amarga, wes didhawuhi pak RT kanggo Halal bi Halal ing RTne. Jarwa seneng banget ing Pati amarga suwe ora pethuk sanak kadange sing wes merantau ing kutha Metropolitan. Jarwa Cerita akeh ngenani kegiatane kuliah marang kangmas, mbakyu, lan adhi-adine ing Pati kono. Si Jarwa nyambangi kabeh sedulure ora ana sing luput dijaluki ngapura dening dheweke, pancen solahe sopan, grapyak lan sumanak.
Dina kaping pindho syawal Jarwa lan keluargane balik menyang desane amarga arep nganaake adicara Halal bi halal kang dianaake dening RT. Dina kaping telu riyaya kabeh ibu-ibu wes padha masak, ora luput ibune si Jarwa. Para kanoman uga ora gelem kalah, padha usung-usung gamelan saka omahe Jarwa menyang pelataran Omahe pak RT. Amarga mengko bengi kajaba dianaake halal bi halal uga ana tari-tarian sing arep diayahi Jarwa lan kanca-kancane. Wayahe wes bubar sembahyang isak kabeh wes pada tumata ing ngarep pelatarane pak RT. Sedurunge adicara diwiwiti pak RT ngayahi adicara kanthi sambutan, banjur dibacutake dening jarwa kang ngayahi tari-tarian. Jarwa mentasake tari kaping telu, dheweke pengendhang lan sing nari kanca-kancane lanang lan wadon. Tarine yaiku tari gambyong, tari Ludro Kusuma, lan Tari kadak merak, langite padhang jingglang datan ana pambengan. Nalikane Jarwa wes bubar mentasake gambyong dheweke ditimbali dening pak Camat kang rawuh ing wengi iku. Jarwa diparingi amplop dening Pak Camat, raine abang mbranang ngempet rasa bebungah, padahal durung ngerti pira isine ana sing ing jero amplop mau. Ing kono jebule si Jarwa ditonton kancane sing jenenge Nandar, nandar uga nduwe sanggar seni kaya tha si Jarwa. Ananging Sanggare isih luwih maju Jarwa, merga nduwe gamelan pepak, apa maneh dheweke kuliah ing jurusan Seni kang nduweni nilai luwih ing kampunge. Prigel anggone gawe lan nata gendhing garapan pancen bocah kang lantip ing babagan budaya
“Dhi… aku riyaya kaping 6 arep nyilih reyogmu yo, arep dak enggo tanggapan, gonku isih dak dandani, ben isa kaya gonmu gae lho,,, lar merake iso ijo royo-royo.”kandhane Nandar.
“o ya kang,,,, gampang,,, mengko yen isa aku dak melu yo, ra ketang melu nyenggak.”jawabe Jarwa
“gampang dhi, melua mengko isa nggenteni aku ngendang ya kena kok, ya wes aku dak pamit sek, ndang dibacutke halal bi halale. Ngapurane wes ngrepoti lho.”
Nandar banjur bali menyang omahe Jarwa mbacutake jejibahane amarga isih ana rong tarian ding durung dipentaske. Saben suguhan sing dipentaseke Jarwa gawe sengsem sing nonton, pak Camat gedhak gedhek ndomblong ngerti penari sing gela gelo. Pak camat bola-bali paring keplok, banjur sing liyane padha melu keplok. Adicara mau wes bar, Jarwa di rewangi kkanoman ing RTne ngusungi gamelan, reyog sing ing sanggare katon murup yen kena sorote lampu. Reyog iki minangka usahane si Jarwa wiwit kuliah awal nganti seprene, dheweke nyelengi sinambi kerja ing daerah kampuse, merga kepengin ngleluri budayane mula bisa dadi pengajeng kesenian ing kampunge.
Riyaya kaping 6 jarwa durung bali nyang Semarang, dheweke ora metu saka ngomah amarga wes ditembung Nandar yen arep nyilih reyoge. Wetara jam 9 Nandar wes menyang omahe Jarwa, banjur ngangkut reyoge Jarwa ana ing dhuwur truk, Jarwa boncengan karo Nandar arep menyang panggonan tanggapan. Tanggapane wes bubar banjur bali, Nandar ngomong yen arep mbalikake reyoge ngesuk. Amarga dheweke arep nyonto reyoge Jarwa sing katon apik yen disawang. Jarwa wes percaya karo Nandar bebasan kakang adhi saking suwene cecaketan rumaket jroning seni.
Wes setengah wulan suwene Nandar durung mbalikake Reyoge si Jarwa, banjur jarwa nagih reyoge. Nanging Nandar ngomong yen arep dibalikke lewat bapake Jarwa seminggu maneh, kamangka si Jarwa ngesuk arep bali nyang Semarang arep niliki kontrakane. Banjur Jarwa wes tekan Semarang mbacutake kuliah ing Semester anyar. Wes wetara seminggu ing Semarangsi Jarwa nelfon ibune nakonake reyoge wes bali apa durung. Jebul eyoge durung bali, sumelang jroning atine Jarwa, gelem ora gelem jarwa dina Jum’at kudu bali menyang omah nagih reyoge. Ing dalan si Jarwa wes kepikiran sing ora-ora ngenani reyoge, merga saka keringete kanggo tuku reyog rega pitung yuta.
Tekan ngomah si Jarwa lan ibune mara menyang omahe Nandar, si Jarwa kaget jebul reyoge wes dibrondoli tanpa sisa lar merake entek rojah rajah ora karuwan. Jebul Nandar nduwe watak iri ibarat Dom Sumurup ing Banyu, mbalikake kabeh omongane si Jarwa, yen kuwi lar merake nandar. Kepiye larane si Jarwa nandang bebendu kang kaya mangkono, ibarat nembe nyandung krikil ing urip kelangan duit jutaan. Banjur si Jarwa lan ibune bali menyang omah, ibune wes ngomong sabar, bapake si Jarwa ora nerimaake. Banjur si Jarwa lunga menyang omah ora pamitan wong tuwane, gawa tas cilik sing isine kaos rong setel katok rong setel ora lali gawa sarung lan peci. Jarwa sepuluh dina ora bali menyang omah, ora gawa hp wong omah ora bisa nelfon utawa sms. Dheweke mbisu, nenengake pikir dedonga marang gusti ngenani kadadeyan sing nembe wae dilakoni sarehne bisa ngayuh adheman ing jeron batin. Banjur dina kaping sepuluh anggone manekung bali menyang omah, wong tuwa kekarone sumelang ngerti kahanane si Jarwa kelangan duit pitung yuta saka keringete dhewe.
Banjur isuke Jarwa bali menyang Semarang, wes wegah kenal karo Nandar, amarga kecentok atine, nanging jajal legawa menawa durung rejekine. Wulan Oktober 2014 Jarwa ditelfon kanca senine sing jenenge Jati yen sanggare Nandar kebakaran entek resik tanpa sisa. Saiki uripe numpang ing tangga teparone, ibarat unen-unen “Sapa sing nandur ala, ing kono wahyune bakal sirna.”
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar